PUISI : Uripe Manungsa

wayang jawaDadi manungsa ojo neko-neko

Sapa sing neko-neko bakal ciloko

Gusti bakal duko marga siro

Menawa urip siro ora tumata

 

Ojo siro rumongsa bisa

Marga siro ora kuasa

Ojo siro sok sembada

Menawa siro ora kuwawa

 

Sumarah marang Gusti

Nyenyuwun awan bengi

Iku dalane urip kang jati

Nganti tekan swarga adi

 

(Pangen Sion)

Tinggalkan komentar