PUISI : Malem Warsa Enggal

MALEM WARSA ENGGAL

Wengi kang endah ing malem warsa enggal.

Lintang-lintang  sumunar gumantung ing awang-awang.

Katon ayu eseme rembulan ing sisih nduwur.

Padang njingglang madangi jagad raya.

Wengi iki wengi kang pungkasan ing warsa 2010.

Ora kroso sesuk wis lumebu ing warsa 2011.

Akeh loro lopo kang lelimengan ing pangiling-ilingku.

Kabeh dadi pasinaon kang aji.

Kudu tak sirnake laraning  ati.

Kuciwaning roso.

Lan abot ing pikir.

Kang becik kudu tak gondeli.

Kang olo kudu tak tinggalno.

Sumunare lintang panjer wengi.

Soyo suwe soyo padang madangi ati.

Aku kudu wani, ngadepi warsa kang ganti.

Warsa enggal kudu dari pangarep-arep kang anyar.

Lumaku kang jejeg.

Ati kang teteg.

Mripat kang madep neng ngarep.

Minger ngiwo bakal cuwo.

Minger nengen bakal kaliren.

Amung Gusti kang dadi kumandel.

Kebak ing pandonga dadi daya.

Sabdane Gusti dadi panganthi.

Setyo angibadah dadi berkah.

Gusti, ingkang kula bekteni.

Mugi paduka kersa anganti.

Lampah kula ing warsa niki.

Awit, namung paduka ingkang kula pitadosi.

Saget amberkahi, ngatos kula paduka timbali.

Amin.