PUISI : Purwaning Dumadi

PURWANING DUMADI

Nalika Gusti ngripta jagad raya iki

Ora ana jalma kang nyekseni

Amung katresnan Gusti kang sejati

Kang nyengkuyung nganti dadi

Enem dina Gusti amaesi

Kabeh dadi sarwa peni

Padange bagaskara ing wayah rina

Ora koyo padange hawa naliko ngadep sing kuwasa

Endahing candra ing wayah wengi

Ora koyo endahing  ati naliko ngadep Gusti

Angin sumilir dadi pratanda

Menawa Gusti isih ana

Para Kanca, aja pada rumangsa bisa

Kabeh asale saka sing Kuwasa

Para kanca, aja pada kemaki

Samubarang asale saka Gusti

Nek Gusti wis nimbali

Kabeh bakal diteliti

Opo uripmu wis ngati-ati

Tinggalkan komentar