GEGURITAN
NDEDONGA
Ngusadani ati kang cuwo
Tak pandeng padange srengenge ing angkasa
Tak esemi rembulan ing awang-awang
Tak bengoki lintang-lintang ing sisih nduwur
Kabeh pada mbisu
Tanpa kanca aku ngguya-ngguyu
Mlumpat-mlumpat lan mloya-mlayu
Malah njoget-njoget ing dalan-dalan
Nanging ora bisa ngusadani ati
Tak rasa saya nggrantes, sara lan kuciwa
Ra kuwawa aku ngadeg jejeg
Tanpa daya lan suara
Ora krasa aku sujud
Aturku”Gusti kulo pasrah”.
Alon-alon, atiku lerem, anyes
Tentrem ing ati saya suwe saya krasa
Kaya ana asta kang nyenggol atiku
Dumadakan, sirna kuciwaning atiku.
Aturku ”kena apa aku ora ndedonga wingi-wingi?”.
