PUISI : Kamulyan Jati

Geguritan

NITI KAMULYAN JATI

Kagurit dining Ki Jogo Sion

08 Pebruari 2011

Kamulyan jati

Kamulyan jati dudu baskara kang gebyar-gebyar

Madangi jagad raya ing wayah rina

Dudu candra kang cahyane katon ing wayah wengi

Dudu lintang kang sumunar ing pepeteng

Dudu banda kang gawe gegere manungsa

Dudu pangkat kang gawe bingunge manungsa

Kamulyan jati uga dudu rupa kang nyengsemake ati

Kamulyan jati

Kamulyan jati ora ono ing pucuk ing gunung

kang duwur

Ora ono ing tengahing segara kang jero

Ora ono ing kapinteran kang ngedap-edapi

Ora ono ing Negara manca kang adoh

Kamulyan jati uga ora ono ing sak jeruning bumi

kang ora bisa dingerteni

Niti kamulyan jati ora kudu tapa brata

Ora kudu dadi pendeta

Ora kudu pati bengi

Ora kudu weweh banda  utawa nyawa

Niti kamulyan jati uga ora kudu dadi wong utama

Kamulyan jati

Kamulyan jati sak tenane ono ing ngarsane Gusti

Nunggil kaliyan Gusti, bakal nampa kamulyan jati

Kamulyan jati bakal dirasakke ing njero ati

Ati kang nunggil kaliyan Gusti

Bakal dikebak’i kamulyan jati

Tinggalkan komentar