PUISI : Kumalungkung

KUMALUNGKUNG

Sira mancik ana ing sak duwure damparing  atiku
Ngadeg jejeg ugek-ugek sak piadeg
Datan owah gingsir dining lelakoning uripku
Unimu makantar-kantar koyo bledeg nyamber-nyamber
Swiwimu  mubang-mubeng koyo manuk merak
Bangunanira kaya menara kang duwure tekan langit kapitu
Saya suwe saya gedhe kratonmu
Gedhe piandelmu marang awakmu dewe
Unimu mesthi  aku yo aku
Kapinteranku ngedap-edapi
Kabisanku ora ana sing ngalahke
Sira rumangsa bisa
Datan gelem ngalah
datan rumongso kalah
Kanggomu wong liya kaya suket ing ara-ara
Tanpa guna lan ora bisa apa-apa
Nanging
Sira ora rumongso
Menawa sak nyatane
Siro iku cilik, ringkih lan ora bisa apa-apa
Sira datan waspada lan ngati-ati
Ora suwe sira bakal ambruk dining awakmu dewe
Musuhmu andap asor kang bakal njegal sikilmu

Satu pemikiran pada “PUISI : Kumalungkung”

Tinggalkan komentar