Remeng-remeng sumunar lintang panjer wengi
Cemlorot ing sak nduwure kandang kang sepi
Nganthi lampahe priyayi Majus ing tanah suci
Dados pratanda wiyose Jabang Bayi kang Suci
Kaprungu swara para malaikat nyanyi
Ana ing langit wengi kang edi peni
Nimbali para pangen manembah Bayi Suci
Awit kawilujengan kang tumurun ing bumi
Tangise Jabang Bayi ing kandang mendo
Dadi pratanda Juru wilujeng wus teko
Jagad kang peteng dadi kebak surya
Paring padang manungso kang pracaya
(Ki Jogo Sion).