Kang nistho lan ora bisa opo-opo
Sabaku ing oro-oro
Ora bisa nulis ora bisa maca
Ora sugih bondo
Ugo ora pinter koyo manungso
Aku ora nggegirisi koyo singo
Ora koyo iwak kang slulup ing samudro
Ora koyo manuk kang duwe swara
Ugo ora koyo lembu kang bantu makaryo
Nanging,
Sanadyan aku mung sak dermo mendo
Gusti kerso wiyos ing kandangku kang olo
Jenengku dadi kondang ing ngalam donya
Lan kasanding dining para rojo
(Ki Jogo Sion)
